Selasa, 05 September 2017

Filosofi Kopi

Menungso kuwi sejatine kurang siji.... yoiku: *NGOPI*  iku tegese *(Ngolah Pikiran),* mulo kopi iku rasane *Pait.*
Nanging sak pait-paite kopi.. isih iso digawe *LEGI* ( Legowo ning ati )/berlapang dada hatinya
Carane kudu ditambahi *GULO*  (Gulangane Roso)/ Mengelola rahsa yg baik
Sing asale soko *TEBU* (anteb ning kalbu)/ mantab hatinya
Banjur diwadahi *CANGKIR*  (Nyancangne piKIR). Menguatkan pikiran
Trus di siram *WEDANG* (wejangan sing marahi padang) / Nasehat yg menentramkan hati
ojo lali di *UDHEG* (Usahane ojo nganti  mandeg )/Usaha jangan sampai berhenti
Anggone  ngudheg nganggo *SENDOK"* (Sendhekno marang sing nduwe kautaman)/ Pasrahkan pada Yang Maha Kuasa
Dienteni ben rodo *ADEM* (Ati digowo lerem ) / Hati jadi tenang
Bar kui diombe *SERUPUT* (Sedoyo Rubedo bakal luput) / Semua godaan akan terhindar

Meniko falsafahipun *KOPI*
Ayo ngopiii....☕

Sumber : anonymous
Copas grup wa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar